Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Jumat, 21 Juni 2024

AKHLAQ E WONG KANG TAQWO ONO ING AL QUR’AN

 

 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an Surat Ali Imron ayat 133-136:

۞ وَسَارِعُوْا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ

الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ

وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْا اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْ وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ

اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ

Artosipun : lan podo ageh2o siro kabeh tumuju marang pangapuran pengeran iro kabeh, lan marang suwargo kang ambane pirang2 langit lan bumi, den cawisake kanggone wong2 kang podo taqwo.     Yoiku wong2 kang podo nginfakake bondone ingdalem kahanan jembar lan cupet. Lan wong2 kang podo nahan amarahe lan seneng ngapuro marang salahe wong liyo. Lan Alloh demen marang wong2 kang agawe bagus.     Lan ugo wong2 kang naliko agawe olo utowo nganioyo awake deweke eleng marang Alloh nuli jaluk ngapuro marang Alloh kanggo dusa2ne. lan ora ono wong kang biso ngapuro kajobo Alloh, lan deweke kabeh ora kabujuk ingdalem terus2an agawe olo sarono deweke ngaweruhi.     Deweke kabeh merkoleh piwales pangapuran songko pengerane lan suwargo kang mili soko ngisore kali-kali kang langgeng ono ing jerone, lan kabeh iku paling bagus2e piwales kanggone wong kang ngamal bagus.

 

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Sifat / akhlaq tiyang ingkang taqwo kejawi ngimani perkoro ingkang ghoib, jumenengake Sholat, lan maringake zakat kadosdene kasebat ing kawitan surat Al Baqoroh, sifat2 utawi akhlaq tiyang ingkang taqwo ugi kasebat wonten Surat Ali Imron ayat 133-136 ingkang sampun kawaos ing ngajeng. Ing antawisipun inggih puniko :

1.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi sifat Loman

Tiyang ingkang loman puniko mboten peduli kahanan pribadinipun, senajan wonten kahanan jembar, sempit, seneng, susah, enteng lan abot, piambake tetep majibake awake supados saged damel kasenengan marang liyan. Piambake sampun majibake awake mlebet wonten proyek2 kesahenan utawi program2 perjuangan Islam lan social senajan wonten kahanan keterbatasan ekonomi lan sanes2ipun. Keranten tiyang taqwo ingkang loman kolowau mangertos lan iman kanti saestu bilih bondo / kesaehan nopo mawon ingkang dipun dalaken puniko minongko perintah Alloh kang bakal nuwuhake kabekjan lan den gampilake sedoyo urusan. Kadosdene dawuh Alloh SWT wonten Surat At-Tholaq ayat 7

لِيُنْفِقْ ذُوْ سَعَةٍ مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهٗ فَلْيُنْفِقْ مِمَّآ اٰتٰىهُ اللّٰهُ ۗ لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا مَآ اٰتٰىهَاۗ سَيَجْعَلُ اللّٰهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُّسْرًا 

2.    Tiyang ingkang taqwo anggahadahi sifat sabar, mboten seneng nesu lan kuat nahan amarah

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Wonten pagesangan puniko nyatanipun saged kulo panjenengan sekseni bilih wonten tiyang ingkang loman nanging mboten saged sabar, lan kosokwansolipun wonten tiyang ingkang banget sabare nanging mboten purun aweh-aweh. Sedoyo puniko minongko ujian Alloh kagem sedoyo ingkang nyandang. Termasuk kulo panjenengan sami, ujian supados ngelatih awak nyelarasake dumateng arahan Alloh wonten babagan puniko. lan ugi supados berusaha niru2 sifatipun Alloh ingkang Arrohiim (moho asih), Ar Rouuf, moho banget asihe, lan Al Haliim, moho Santun, kang kanti puniko Alloh mboten langsung paring sikso dumateng kema’siyatan kang kalakoake senajan Alloh langkung kuoso. Dawuhipun Rosul : Wong kang kuat iku ora kang biso ngalahake musuhe, ananging wong kang kuat iku kang biso ngeker / nahan amarahe. (HR Bukhori)

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

3.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi pribadi ingkang seneng ngapuro marang salahe liyan.

Ngapuro puniko artosipun piambakipun mboten pisan2 ngiling2 dumateng salahe tiyang sanes, bahkan piambakipun ngilangaken sedoyo roso dendam ingkang wonten awakipun. Dasar ingkang dipun damel keranten piambake niru sifatipun Allloh inggih puniko Al ‘Afuww (Dzat Kang Moho Ngapuro lan Mbusek lepate kawulo). Lan ugi dipun dasari kanti dawuhipun Alloh SWT wonten Surat An Nuur ayat 22 :

وَلْيَعْفُوْا وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

4.    Tiyang ingkang taqwo anggadahi sifat Al-Ihsan (tetep purun paring / agawe kebagusan dumateng tiyang ingkang nate agawe salah marang piambakipun)

Dawuhipun Nabi dumateng Shohabat Uqbah bin Amir :

يا عقبة بن عامر! صل من قطعك و أعط من حرمك و اعف عمن ظلمك

“He Uqbah bin Amir : Sambungen wong kang wus mutus paseduluran marang iro, wenehono kebagusan marang wong kang medit marang iro lan wenehono pangapuro marang wong kang wus nganioyo marang iro.

5.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi sifat gampang ngeroso salah dumateng Alloh lan cepet2 anggenipun nyuwun pangapuran dumateng Alloh.

Babagan puniko poro ulama ndawuhake paling mboten wonten 3 amalan kagem supados manah kulo panjenengan sami gampang ngeroso salah marang Alloh : inggih puniko 1). Ngatahake maos istighfar, 2). Ngrutinaken maos doa bibaripun wudhu : Allohummaj’alni minat tawwabina waj’alni minal mutatohhirin, lan 3). Nglonggaraken wekdal kagem kholwat ma’alloh (ngibadah menyendiri dumateng Alloh).

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Selajengipun 5 sifat kolowau dipun sampurnaaken kanti berusaha ngedoh saking sedoyo  penggawean duso, sahingga kanti bungah tiyang taqwo kolowau pikantuk piwales saking Alloh kados kasebat wonten ayat 136 kolowau …..

Mugio kulo panjenengan sami saged nderek niru2 ngamalaken sifat2ipun tiang ingkang taqwo puniko lan kalebet ingkang pinaringan piwales saking Alloh kolowau,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إ……..

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم

Jumat, 02 Februari 2024

SHOLAT MINONGKO MI’ROJE UMMATE NABI MUHAMMAD SAW

SHOLAT MINONGKO MI’ROJE UMMATE 
NABI MUHAMMAD SAW

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :

 

سُبْحٰنَ الَّذِي اَسْرٰى بِعَبْدِه لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَه لِنُرِيَه مِنْ اٰيٰتِنَا اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ۝١

 

Artosipun : Moho Suci Dzat kang wes nglumakuake kawulane ono ing siji wengi soko Mesjidil Harom tumuju Masjidil Aqsho kang Ingsung wenehi berkah ono ing kiwo tengene soko tondo2 Ingsun. Setuhune Deweke Alloh iku Dzat kang Moho Midanget dan Mirsani. (Al-Isro : 1)

 

Wulan puniko wulan Rojab, utawi kulo panjenengan sami ngarani kanti wulan Rejeb. Setunggaing wulan ingkang Mulyo, kalebet salah setunggaling 4 wulang ingkang kawastanan Asyhurul Hurum.

Rojab kalebet Asyhurul Hurum ing antawisipun keranten wonten saklebeting wulan puniko wonten kedadosan sejarah islam ingkang sedoyo umat Islam kedah mangertosi. Kedadosan puniko kedadosan isro’ mi’roj Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang pundi kedadosan puniko kalebet kedadosan ingkang sanget agung, ingkang mboten mampu akal kulo panjenengan jangkau, ananging kedah dipun sarengi kanti ka-imanan ingkang kuat. Sahinggo kanti puniko kulo panjenengan sami bakal manggihi keyakinan ingkang kokoh, ingkang mboten bakal kagoyah kanti lintasan2 akal manungso. Keyakinan ingkang ndadosake lisan ngucapaken Subhaanalloh, moho suci Alloh ingkang nguasani sedayanipun. Mboten wonten perkawis ingkang mboten mungkin menggahipun Alloh SWT.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Pelajaran paling ageng ingkang saged kapundut saking isro’ mi’roj Nabi Muhammad SAW inggih puniko pelajaran Sholat 5 wekdal. Umat Islam mboten mungkin mangertos lan ngamalake sholat menawi mboten wonten isro’ mi’roj.

Antaraning Sholat kalian isro’ mi’roj puniko sanget berkaitan setunggal lan setunggalipun. Menawi Mi’rojipun Rosululloh SAW puniko mawi jasad lan Ruh, milo semanten ugi kagem Ummat Nabi Muhammad SAW puniko mi’rojipun dateng Alloh SAW mawi Ruh wonten sak jeroning Sholat. Milo Sholat puniko sarono kulo panjenengan sami sowan komunikasi dateng Alloh SWT ing saben dintenipun, milo kedah saestu dipun gatosaken sampun ngantos dipun tilar. Keranten dawuhipun Nabi, amalan Sholat puniko amalan ageng ingkang paling awal bade dipun tangletake dening Alloh SWT. Ingkang naliko Sholat puniko sahe, mulo amal sekarine bakal dipun anggep sahe, nanging naliko rusak Sholatipun mulo sekarine amal katut rusak lan bakal dipun suwun tanggung jawabipun. Milo Sholat dipun arani  dados ukuran bejo bejanipun tiyang Islam wonten dunyo lan akherat.

واول ما يحاسب به العبد يوم القيامة الصلاة فإن صلحت صلح سائر عمله وإن فسدت فسد سائر عمله

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Saking keterangan hadis puniko ugi Abuya Sayyid Muhamad ndawuhake wonten kitabipun Dzikroyat wa Munasabat bilih tiyang ingkang nglanggengake (mudaawamah) nindaake Sholat kanti khusyu’ lan ndepe2 marang Alloh SWT, mulo bakal tukul wonten awake roso murooqobah dateng Alloh SWT. Murooqobah inggih puniko roso den awasi Alloh SWT. Lan sinten tiyang ingkang sampun sampai murooqobah dateng Alloh, piambake bakal gede roso wedine marang Alloh SWT, bakal luwih taqwo, bakal rido nompo kang dadi pestine Alloh SWT, bakal jujur ingdalem pengucapipun, bakal netepi sedoyo janjin lan amanahipun, bakal sabar ingdalem nampi cubo lan bakal syukur ingdalem sedoyo ni’mat. Kados dawuhipun Alloh SWT :

۞ اِنَّ الْاِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًا ١٩ اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًا ٢٠ وَّاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًا ٢١ اِلَّا الْمُصَلِّيْنَ ٢٢ الَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ دَاۤىِٕمُوْنَ ٢٣

Setuhune manungso iku kadadeake nduweni sifat ngersulo lan kikir (19) naliko deweke nompo kealanan, deweke ngersulo (20) lan naliko deweke nompo ni’mat, deweke kikir (21) kajobo wong2 kang podo ngelakosi Sholat (22) yoiku wong akeh kang deweke kabeh langgeng ingdalem Sholate (23). QS. Al Ma’arij 19-23

Selajengipun poro hadirin, tiyang ingkang sampun tukul wonten awake roso murooqobah puniko bakal tinebihaken saking kealanan, kacegah saking kemungkaran, bakal wedi nglakoni perkoro olo, punopo dateng Manungso liyan utawi ma’shiyat dateng Alloh SWT. Gusti Alloh sampun ndawuhake :

 … إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ ۗ

Setuhune sholat iku nyegah songko perkoro olo lan mungkar. QS Al Angkabut : 45

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Kejawi saged nukulake roso murooqobah dateng Alloh SWT lan saged nyegah saking perkawis olo lan mungkar. Sholat puniko ugi saged nglebur duso2 kang kalakoake ono ing antaraning sholat siji lan sholat liyane. Milo sinten tiyang ingkang katatrapan duso sak sampune wayah duhur, milo duso puniko saged kalebur kanti nindaake Sholat Ashar, lan sinten tiyang ingkang katatrapan duso sak sampune wayah ashar, milo duso puniko saged kalebur kanti sebab nindaake Sholat Maghrib. Lan semanten ugi sakterasipun. Dawuhe kanjeng Nabi :

الصلوات الخمس والجمعة الى الجمعة كفارة لما بينهن ما لم تُغشَ الكبائر

Sholat 5 wektu, lan (Sholat) Jum’at siji marang (Sholat) Jum’at liyane biso nglebur duwo kang ono ing antarane karone kabeh selagine den dohi duso2 gede. HR Muslim : 342

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Wonten hadis sanes Rosululloh SAW ugi ndawuhake bilih Sholat saged dados sinar kang madangi tiyang ingkang nindaake kanti sak sahe2nipun, padang wonten alam dunyo lan padang wonten alam akhirat, sahinggo mesti bakal nampi kabekjan dunyo lan akhirat. Anganging kosokwansulipun dawuh nabi tiyang ingkang mboten njagi Sholatipun puniko bakal rugi dunyo lan rugi akhiratipun. Na’udzubillah tsumma na’udzu billah. Mugi kulo panjenengan sami saged kalebet ingkang nampi Taufiq saged njagi Sholat puniko minongko Mi’roj kulo panjenengan sami dateng Alloh SWT. Aamiin..

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم