GOLONGAN
MANUNGSO
ONO
ING AL QUR’AN
الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد
ان لا اله الا الله وحده
لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل
على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار
واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم
ونفسي بتقوى الله..
فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل
لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ
وَاللّهُ ذُو
الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo
awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun
dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking
Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Wonten
Al Qur’an manungso puniko wonten 3 golongan, inggih puniko Golongan Tengen
(Ash-habul Maymanah), Golongan Kiwo (Ash-haabul Masy-amah) lan Golongan As
Sabiqun.
3
golongan puniko sedoyo kasebat wonten Surat Al Waqi’ah ayat 7-14
وَكُنتُمۡ أَزۡوَٰجٗا ثَلَٰثَةٗ ٧ فَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ
مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ ٨ وَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشَۡٔمَةِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشَۡٔمَةِ
٩ وَٱلسَّٰبِقُونَ ٱلسَّٰبِقُونَ ١٠ أُوْلَٰٓئِكَ ٱلۡمُقَرَّبُونَ ١١ فِي جَنَّٰتِ ٱلنَّعِيمِ
١٢ ثُلَّةٞ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٣ وَقَلِيلٞ
مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٤
1. Ash-haabul Maymanah (golongan tengen) inggih puniko golongan
tiyang2 ingkang anggadahi kaimanan dateng Alloh, ananging tasih kacampur kanti
kema’shiyatan2, utawi terkadang kema’shiyatanipun ngungkuli ka-imananipun.
Sinaoso kados mekaten nanging nyatanipun Alloh tesih dawuh Maa Ah-haabul
Maimanah (duh mulyane golongan tengen iku). Keranten golongan tengen puniko
tesih anggadahi kaimanan dateng Alloh SWT.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Saklajengipun,
Ash-haabul Maymanah (tiyang ingkang anggadahi kaimanan) puniko ugi wonten 3
tingkatan : 1. Wonten ingkang Dzolimul Linafsih (nganioyo awak piambak),
artosipun tiyang puniko iman, ananging piambake langkung remen dunyo tinimbang
akhirat, remen nyedak dateng penguasa tinimbang dateng Alloh SWT, remen bergaul
sesarengan tiyang ingkang awon tinimbang ingkang sahe. 2. Selajengipun
tingkatan Muqtashid (sedengan utawi tengah2), artosipun tiyang puniko iman,
ananging piambake tasih kabujuk howo nafsu, sahinggo sering dawah dateng
kema’shiyatan2. Tingkatan Muqtashid puniko dipun sebabaken keranten piambakipun
niyak2aken Sholat 5 wekdal, Sholatipun sarono aras2en, lan ugi terkadang
ngakhiraken sholatipun. Tiyang ingkang Dzolimul linafsih kalian ingkang Muqtashid
puniko benjang wonten alam akhirat sedoyo bakal ngalami hisab (penghitungan
amal). 3. Lajeng wonten tingkatan Sabiqum bil khoirot, inggih puniko
tiyang ingkang sami netepi Taqwalloh kanti sahe, tujuan utaminipun namung
ndadosake sedoyo tindak lampahipun kangge pengabdian lan ibadah dateng Alloh
SWT. Piambake punikolah ingkang mlebet suwargo tanpo hisab.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
2. Golongan nomer 2 inggih puniko Ash-habul Masy-amah
(Golongan kiwo), inggih puniko golongan ingkang babar pisan mboten nggadahi
keimanan dateng Alloh SWT, golongane tiyang2 kafir utawi liyane Islam. Golongan
kiwo puniko sampun jelas bilih tujuan gesangipun namung wonten Dunyo ke mawon,
langkung milih dunia tinimbang akhirat. Lan benjang wonten alam akhirat sampun
jelas bilih panggenanipun wonten Neroko. Kados dipun ceritaake dening Alloh SWT
wonten Surat An Nazi’at ayat 37-39 :
فَأَمَّا
مَن طَغَىٰ ٣٧ وَءَاثَرَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا ٣٨ فَإِنَّ ٱلۡجَحِيمَ هِيَ ٱلۡمَأۡوَىٰ ٣٩
“anapun
wong kang ngliwati bates || lan ngutamaake pagesangan dunyo || moko temen
neroko kuwi dadi panggonane”
3. Golongan manungso ingkang terakhir, ingkang dipun dawuhaken
Alloh wonten Surat Al Waqi’ah inggih puniko Golongan As Saabiquun (golongan
wong2 kang seneng lomba2 ingdalem amal sholeh, sahinggo piambake bakal
ngrumiyini mlebet Swarganipun Alloh SWT).
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sinten
ingkang kalebet golongan puniko?
Poro
ulama ndawuhaken bilih ingkang kalebet golongan puniko nuwun inggih : a. Poro
Nabi, b. Tiyang2 ingkang rumiyen menangi Sholat madep qiblat 2 (Baitul
Maqdis lan Ka’bah) lan c. Nuwun inggih tiyang2 ingkang cepet bali
bertaubat sarto nindaaken amal sholeh.
Nabi
Muhammad SAW paring gambaran ciri2 tiyang2 ingkang tumuju dateng naungan /
ayupan Alloh wonten dinten Qiyamat kanti sabdanipun :
الذين
إذا أعطوا الحق قبلوه وإذا سُئلوه بذلوه وحكموا للناس كحكمهم لأنفسهم
“yoiku
wong2 kang naliko di paringi kebeneran deweke gelem nompo, lan naliko dijaluki
hak e deweke ugo gelem menehake lan deweke nghukumi marang awake podo karo
olehe deweke nghukumi marang wong liyo” (HR
Ahmad)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Gamblangipun
golongan nomer 3 niki, golongan tiyang2 ingkang estu2 maksimal ingdalem
nindaake kewajiban, paling awal mlebet wilayah kewajiban lan kefarduan, paling
awal tindak dateng masjid, paling awal tindak dateng perjuangan mbelo agami
Islam, kulino nindaake amal2an Sunnah, ngriyenaken hak2ipun Alloh lan Rosule,
lan sakpanunggalipun.
Kangge
tumuju dateng golongan ingkang nomer 3 niki mboten gampang, keranten nyatane
kulo panjenengan sami gesang wonten ing alam dunyo puniko, ingkang pundi sedoyo
rupo dunyo puniko saged nglaleake kulo panjenengan sami saking Alloh SWT.
Milo
golongan As-Saabiquun puniko dipun nobatake dening Alloh SWT kanti
sebatan Al-Muqorrobuun (golongan ingkang dipun parekake derajate wonten
ngarsanipun Alloh SWT). Keranten kejawi sampun totalitas nindaake kados kasebat
kolowau, golongan As-Saabiquun puniko sampun berhasil saking ngelawan howo
nafsu, berhasil saking kekafiran, berhasil saking tipudoyo gumerlaping dunyo
lan berhasil saking jebakan howo nafsu lan syaitan.
Keranten
sanget abote kangge tumuju golongan As Sabiqun punikolah sahinggo Alloh
nyriosaken wonten Al Waqi’ah ing ngginggil kolowau bilih :
ثُلَّةٞ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ
١٣ وَقَلِيلٞ مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٤
“akeh2
e (As Sabiqun) iku soko wong2 kang ndisek || lan sitik soko wong2 kang akhir”
Milo
saking katerangan puniko paling mboten kulo panjenengan sami tasih anggadahi
kesempatan katah supados saged tetep wonten golongan nomer 2 inggih puniko
golongan tengen (Ash-haabul Maymanah) ingkang tingkatan Sabiqum bil khoiroot
(ingkang seneng nindaaken amal sholeh, punopo ingkang utawi ingkang sunnah).
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Punikolah
sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugi saged nambahing pangertosan lan
saged sesarengan nindaaken. Sahinggo nambahing kaberkahan gesang kulo
panjenengan sami fiddini wad dunya wal akhiroh. Amin ya Robbal ‘alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢-
إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ
وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما
فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو
السميع العليم
0 komentar:
Posting Komentar