الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله
وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر
الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه
الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون...
أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله
تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً
وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo
awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun
dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking
Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Dinten meniko kulo panjenengan taseh lumebet wonten sasi
idul fithri utawi sasi syawwal, sasi sakbibaring kulo panjenengan nindaake
kewajiban shiyamu Romadhon, puoso wulan Romadhon. Wulan Romadhon nembe mawon kapungkasan. Kulo panjenengan sami amung
saged ngarepaken mugi sedoyo amal sholeh ingkang kulo panjenengan
tindaake saklebeting sasi Romadhon kolowingi dipun terampi
kalian Alloh SWT.
Sasi Romadhon minangkaning sekolah amal kulo
panjenengan. Katah sanget pelajaran ingkang saged kulo panjenengan
pundut saking kegiatan sasi Romadhon.
Antawisipun, pelajaran Sabar, kuat, jujur, amanah, ikhlas, nuhoni kewajiban,
nuceake manah, nunduake peningal, nulayani Syaitan lan panunggalipun. Sedoyo kolowau sampun berusaha kulo panjenengan tindaake wonten Romadhon ingkang
kalampah kolowingi. Ananging wonten ing mriki, mboten namung
kulo panjenengan cekap mangertoske mawon pelajaran ingkang saged dipun pundut, langkung saking puniko kulo panjenengan
kasuwun saged berusaha netepi pelajaran2 kolowau wonten ing wulan2 sakbibaring Romadhon, ateges sesarengan kulo panjenengan ngistiqomahaken
amalan2 sahe sasi Romadhon wonten ing Syawwal meniko lan sakterasipun, awit
saking Sholat jamaah, sholat Sunnah, shodaqoh, puoso, tadarus Alqur’an, sholat
dalu lan sakpanunggali pun. Keranten sedoyo kolo wau sejatosipun setengah
saking maksud lan tujuan kulo panjenengan dipun wajibaken shiyam Romadhon.lan
sedoyo wau minangkaning bagian saking dalan kangge kulo panjenengan tumuju
marang ketaqwaan dumateng Alloh SWT.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Piantun ingkang tambah Ketaqwaan dumateng Alloh punikolah
ingkang sakjatosipun saged ngraosake maknanipun ‘idul fithri : sahinggo wonten
dawuh :
ليس
العيد لمن لبس الجديد # انما العيد لمن تقواه تزيد
(او كما قال)
Sanes riadin kangge
tiang ingkang ndamel penganggo bagus # nanging sejatine riadin kangge tiang ingkang taqwane tambah dumateng Alloh
Milo penting sanget kulo panjenengan sakmeniko nggatosaken saestu punopo ingkang saged kulo panjenengan tindaake utawi ngamalake kangge njagi lan ngramut ketaqwaan dumateng
Alloh SWT. Sampun ngantos sakbibaring Romadhon puniko kito malah soyo tebih saking Alloh SWT, soyo arang angsale
ngibadah, soyo katah nglampahi duso Na’udzubillaahi min dzaalik. Milo kangge
njagi awak kito piambak2 supados mboten ilang saking
amalan2 Romadhon Gusti Rosulullooh SAW sampun paring contoh
kanti dawuhipun ingkang nerangakaen pentinge kulo panjenengan nambahi ngamal
puoso
sunnah 6 dinten wonten sasi syawwal
kanti dawuhipun :
عَنْ أَبِي أَيُّوبَ الْأَنْصَارِيِّ صاحب النبي رَضِيَ
اللَّهُ عَن النبي صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ صَامَ رَمَضَانَ
ثُمَّ أَتْبَعَهُ بست
مِنْ
شَوَّالٍ فكأنما صام
الدَّهْر
Kaceritaake saking
setunggaling Sohabat Nabi, Abu Ayyub Al Ansori RA, bilih Rosululloh SAW dawuh :
sopo wonge kang puoso Romadhon, banjur nerusake kanti puoso 6 dino ing wulan
Syawwal, moko dewekne koyok2 puoso sampurno setahun (HR Abu Dawud & Muslim)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Wonten mriki kulo panjenengan dipun tuntun dening
kanjeng Nabi supados nyambung perkawis sahe kanti perkawis ingkang sahe ugi, sampun ngantos nyambung perkawis sahe kanti perkawis ingkang
awon, utawi mungkasi perkawis sahe tanpo nyusuli perkawis menopoke mawon,
artosipun among ngalap cekap saking perkawis sahe ingkang dipun lampahi. Kados
dene kulo panjenengan ingkang saweg khatam Alqur’an, mulo kedah dipun susuli /
dipun baleni kalian awal surat malih, sampun ngantos mandeg utawi ngalap cekap
utawi malah dipun susuli kelawan perkawis awon. Milo mboten kengeng ugi nyampur
perkawis awon kalian perkawis sahe.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Saking punopo ingkang dipun
dawuhaken dening kanjeng Nabi wonten nginggil wau, berarti paling mboten kulo
panjenengan wonten ing sasi syawwal puniko berusaha saged
nindaake puoso 6 dinten saking syawwal puniko keranten ageng
sanget kautamanipun. Mboten mungkin kulo panjenengan kiat ngeparek marang Alloh
kanti puoso 1 tahun penuh. Ananging cekap kulo panjenengan nambahi 6 dinten
puoso ingdalem syawwal puniko sampun saged madani ganjaran puoso 1 tahun.
Saklajengipun menawi wonten pitakonan : “kok saged madani ganjaran puoso 1
tahun ?” dipun jawab dening Ulama’ :
قَالَ الْعُلَمَاء : وَإِنَّمَا كَانَ ذَلِكَ كَصِيَامِ
الدَّهْر لِأَنَّ الْحَسَنَة بِعَشْرِ أَمْثَالهَا فَرَمَضَان بِعَشْرَةِ أَشْهُر
وَالسِّتَّة بِشَهْرَيْنِ
“kerono 1 kebagusan
ingdalem Islam bakal diwales 10, mulo 30 dino puoso Romadon madani 10 wulan utawi
300 dino, lan 6 dino Syawwal madani 2 wulan utawi 60 dino”
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kulo panjenengan
ing mriki namung saged ngucapake MAA SYAA-ALLOOH LAA QUWWATA ILLAA BILLAAH.
Ageng sanget welas asihipun Alloh SWT dumateng kulo panjenengan sami. Katah
sanget babagan ngamal sholeh senajan sekedik ingkang dipun ganjar ageng kalian
Alloh SWT. Puniko ngleresi kalian dawuhipun Kanjeng Nabi ugi bilih wonten perkawis 2
engkang dados pusat perhatosanipun Alloh SWT dumateng kawulanipun, inggih
puniko Manah lan Ngamal / Tumindak
kulo panjenengan
sami.
إن الله لا ينظر الى صوركم وأموالكم ولكن ينظر الى
قلوبكم وأعمالكم
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Ingkang terakhir
kawulo ngajak dumateng pribadi khususipun lan jamaah umumipun, monggo sami
nindaake pesen poro salafunas shoolih supados kito tansah ngenal lan ngeparek
marang Alloh mboten amung wonten sasi Romadhonke mawon, nanging wonten saben2
wekdal, saben mongso, saben kahanan lan saben panggenan.
Meniko khutbah
ingkang saged kaaturaken…
Sekedik khutbah ing
Jum’at meniko mugi manfaati dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan
sumrambah sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ
-١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ
وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك
الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما
فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم
تلاوته إنه هو السميع العليم
0 komentar:
Posting Komentar