الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي
لولا ان هدانا الله. اشهد
ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار
ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها
المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل
لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو
الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun.
Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken
Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Alloh
SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an Surat Ali Imron ayat 133-136:
۞ وَسَارِعُوْا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ
الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ
وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْا
اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْ وَمَنْ يَّغْفِرُ
الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ
اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ
Artosipun
: lan podo ageh2o siro kabeh tumuju marang pangapuran pengeran iro kabeh,
lan marang suwargo kang ambane pirang2 langit lan bumi, den cawisake kanggone
wong2 kang podo taqwo. Yoiku wong2
kang podo nginfakake bondone ingdalem kahanan jembar lan cupet. Lan wong2 kang
podo nahan amarahe lan seneng ngapuro marang salahe wong liyo. Lan Alloh demen
marang wong2 kang agawe bagus. Lan ugo
wong2 kang naliko agawe olo utowo nganioyo awake deweke eleng marang Alloh nuli
jaluk ngapuro marang Alloh kanggo dusa2ne. lan ora ono wong kang biso ngapuro
kajobo Alloh, lan deweke kabeh ora kabujuk ingdalem terus2an agawe olo sarono
deweke ngaweruhi. Deweke kabeh
merkoleh piwales pangapuran songko pengerane lan suwargo kang mili soko ngisore
kali-kali kang langgeng ono ing jerone, lan kabeh iku paling bagus2e piwales
kanggone wong kang ngamal bagus.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Sifat / akhlaq tiyang ingkang taqwo kejawi ngimani
perkoro ingkang ghoib, jumenengake Sholat, lan maringake zakat kadosdene
kasebat ing kawitan surat Al Baqoroh, sifat2 utawi akhlaq tiyang ingkang taqwo
ugi kasebat wonten Surat Ali Imron ayat 133-136 ingkang sampun kawaos ing
ngajeng. Ing antawisipun inggih puniko :
1. Tiyang ingkang
taqwo puniko anggadahi sifat Loman
Tiyang ingkang loman puniko mboten peduli kahanan
pribadinipun, senajan wonten kahanan jembar, sempit, seneng, susah, enteng lan
abot, piambake tetep majibake awake supados saged damel kasenengan marang
liyan. Piambake sampun majibake awake mlebet wonten proyek2 kesahenan utawi
program2 perjuangan Islam lan social senajan wonten kahanan keterbatasan ekonomi
lan sanes2ipun. Keranten tiyang taqwo ingkang loman kolowau mangertos lan iman
kanti saestu bilih bondo / kesaehan nopo mawon ingkang dipun dalaken puniko minongko
perintah Alloh kang bakal nuwuhake kabekjan lan den gampilake sedoyo urusan. Kadosdene
dawuh Alloh SWT wonten Surat At-Tholaq ayat 7
لِيُنْفِقْ ذُوْ سَعَةٍ مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهٗ فَلْيُنْفِقْ مِمَّآ اٰتٰىهُ اللّٰهُ ۗ لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا مَآ اٰتٰىهَاۗ سَيَجْعَلُ اللّٰهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُّسْرًا
2.
Tiyang
ingkang taqwo anggahadahi sifat sabar, mboten seneng nesu lan kuat nahan amarah
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Wonten pagesangan puniko nyatanipun saged kulo
panjenengan sekseni bilih wonten tiyang ingkang loman nanging mboten saged
sabar, lan kosokwansolipun wonten tiyang ingkang banget sabare nanging mboten
purun aweh-aweh. Sedoyo puniko minongko
ujian Alloh kagem sedoyo ingkang nyandang. Termasuk kulo panjenengan sami, ujian
supados ngelatih awak nyelarasake dumateng arahan Alloh wonten babagan puniko.
lan ugi supados berusaha niru2 sifatipun Alloh ingkang Arrohiim (moho asih), Ar
Rouuf, moho banget asihe, lan Al Haliim, moho Santun, kang kanti puniko Alloh mboten
langsung paring sikso dumateng kema’siyatan kang kalakoake senajan Alloh
langkung kuoso. Dawuhipun Rosul : Wong kang kuat iku
ora kang biso ngalahake musuhe, ananging wong kang kuat iku kang biso ngeker /
nahan amarahe. (HR Bukhori)
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
3.
Tiyang
ingkang taqwo puniko anggadahi pribadi ingkang seneng ngapuro marang salahe
liyan.
Ngapuro
puniko artosipun piambakipun mboten pisan2 ngiling2 dumateng salahe tiyang
sanes, bahkan piambakipun ngilangaken sedoyo roso dendam ingkang wonten
awakipun. Dasar ingkang dipun damel keranten piambake niru sifatipun Allloh
inggih puniko Al ‘Afuww (Dzat Kang Moho Ngapuro lan Mbusek lepate kawulo). Lan ugi
dipun dasari kanti dawuhipun Alloh SWT wonten Surat An Nuur ayat 22 :
…وَلْيَعْفُوْا
وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ
غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
4.
Tiyang
ingkang taqwo anggadahi sifat Al-Ihsan (tetep purun paring / agawe kebagusan dumateng
tiyang ingkang nate agawe salah marang piambakipun)
Dawuhipun
Nabi dumateng Shohabat Uqbah bin Amir :
يا عقبة بن عامر! صل من قطعك و أعط من حرمك و اعف عمن ظلمك
“He
Uqbah bin Amir : Sambungen wong kang wus mutus paseduluran marang iro, wenehono
kebagusan marang wong kang medit marang iro lan wenehono pangapuro marang wong
kang wus nganioyo marang iro.
5.
Tiyang
ingkang taqwo puniko anggadahi sifat gampang ngeroso salah dumateng Alloh lan
cepet2 anggenipun nyuwun pangapuran dumateng Alloh.
Babagan
puniko poro ulama ndawuhake paling mboten wonten 3 amalan kagem supados manah
kulo panjenengan sami gampang ngeroso salah marang Alloh : inggih puniko 1). Ngatahake
maos istighfar, 2). Ngrutinaken maos doa bibaripun wudhu : Allohummaj’alni
minat tawwabina waj’alni minal mutatohhirin, lan 3). Nglonggaraken wekdal kagem
kholwat ma’alloh (ngibadah menyendiri dumateng Alloh).
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Selajengipun
5 sifat kolowau dipun sampurnaaken kanti berusaha ngedoh saking sedoyo penggawean duso, sahingga kanti bungah tiyang
taqwo kolowau pikantuk piwales saking Alloh kados kasebat wonten ayat 136
kolowau …..
Mugio
kulo panjenengan sami saged nderek niru2 ngamalaken sifat2ipun tiang ingkang
taqwo puniko lan kalebet ingkang pinaringan piwales saking Alloh kolowau,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إ……..
بارك الله لي
ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني
ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم
0 komentar:
Posting Komentar