Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Jumat, 21 Juni 2024

AKHLAQ E WONG KANG TAQWO ONO ING AL QUR’AN

 

 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an Surat Ali Imron ayat 133-136:

۞ وَسَارِعُوْا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ

الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ فِى السَّرَّۤاءِ وَالضَّرَّۤاءِ وَالْكٰظِمِيْنَ الْغَيْظَ وَالْعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ

وَالَّذِيْنَ اِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً اَوْ ظَلَمُوْا اَنْفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللّٰهَ فَاسْتَغْفَرُوْا لِذُنُوْبِهِمْ وَمَنْ يَّغْفِرُ الذُّنُوْبَ اِلَّا اللّٰهُ ۗ وَلَمْ يُصِرُّوْا عَلٰى مَا فَعَلُوْا وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ

اُولٰۤىِٕكَ جَزَاۤؤُهُمْ مَّغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَجَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗ وَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ

Artosipun : lan podo ageh2o siro kabeh tumuju marang pangapuran pengeran iro kabeh, lan marang suwargo kang ambane pirang2 langit lan bumi, den cawisake kanggone wong2 kang podo taqwo.     Yoiku wong2 kang podo nginfakake bondone ingdalem kahanan jembar lan cupet. Lan wong2 kang podo nahan amarahe lan seneng ngapuro marang salahe wong liyo. Lan Alloh demen marang wong2 kang agawe bagus.     Lan ugo wong2 kang naliko agawe olo utowo nganioyo awake deweke eleng marang Alloh nuli jaluk ngapuro marang Alloh kanggo dusa2ne. lan ora ono wong kang biso ngapuro kajobo Alloh, lan deweke kabeh ora kabujuk ingdalem terus2an agawe olo sarono deweke ngaweruhi.     Deweke kabeh merkoleh piwales pangapuran songko pengerane lan suwargo kang mili soko ngisore kali-kali kang langgeng ono ing jerone, lan kabeh iku paling bagus2e piwales kanggone wong kang ngamal bagus.

 

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Sifat / akhlaq tiyang ingkang taqwo kejawi ngimani perkoro ingkang ghoib, jumenengake Sholat, lan maringake zakat kadosdene kasebat ing kawitan surat Al Baqoroh, sifat2 utawi akhlaq tiyang ingkang taqwo ugi kasebat wonten Surat Ali Imron ayat 133-136 ingkang sampun kawaos ing ngajeng. Ing antawisipun inggih puniko :

1.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi sifat Loman

Tiyang ingkang loman puniko mboten peduli kahanan pribadinipun, senajan wonten kahanan jembar, sempit, seneng, susah, enteng lan abot, piambake tetep majibake awake supados saged damel kasenengan marang liyan. Piambake sampun majibake awake mlebet wonten proyek2 kesahenan utawi program2 perjuangan Islam lan social senajan wonten kahanan keterbatasan ekonomi lan sanes2ipun. Keranten tiyang taqwo ingkang loman kolowau mangertos lan iman kanti saestu bilih bondo / kesaehan nopo mawon ingkang dipun dalaken puniko minongko perintah Alloh kang bakal nuwuhake kabekjan lan den gampilake sedoyo urusan. Kadosdene dawuh Alloh SWT wonten Surat At-Tholaq ayat 7

لِيُنْفِقْ ذُوْ سَعَةٍ مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهٗ فَلْيُنْفِقْ مِمَّآ اٰتٰىهُ اللّٰهُ ۗ لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا مَآ اٰتٰىهَاۗ سَيَجْعَلُ اللّٰهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُّسْرًا 

2.    Tiyang ingkang taqwo anggahadahi sifat sabar, mboten seneng nesu lan kuat nahan amarah

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Wonten pagesangan puniko nyatanipun saged kulo panjenengan sekseni bilih wonten tiyang ingkang loman nanging mboten saged sabar, lan kosokwansolipun wonten tiyang ingkang banget sabare nanging mboten purun aweh-aweh. Sedoyo puniko minongko ujian Alloh kagem sedoyo ingkang nyandang. Termasuk kulo panjenengan sami, ujian supados ngelatih awak nyelarasake dumateng arahan Alloh wonten babagan puniko. lan ugi supados berusaha niru2 sifatipun Alloh ingkang Arrohiim (moho asih), Ar Rouuf, moho banget asihe, lan Al Haliim, moho Santun, kang kanti puniko Alloh mboten langsung paring sikso dumateng kema’siyatan kang kalakoake senajan Alloh langkung kuoso. Dawuhipun Rosul : Wong kang kuat iku ora kang biso ngalahake musuhe, ananging wong kang kuat iku kang biso ngeker / nahan amarahe. (HR Bukhori)

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

3.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi pribadi ingkang seneng ngapuro marang salahe liyan.

Ngapuro puniko artosipun piambakipun mboten pisan2 ngiling2 dumateng salahe tiyang sanes, bahkan piambakipun ngilangaken sedoyo roso dendam ingkang wonten awakipun. Dasar ingkang dipun damel keranten piambake niru sifatipun Allloh inggih puniko Al ‘Afuww (Dzat Kang Moho Ngapuro lan Mbusek lepate kawulo). Lan ugi dipun dasari kanti dawuhipun Alloh SWT wonten Surat An Nuur ayat 22 :

وَلْيَعْفُوْا وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ

4.    Tiyang ingkang taqwo anggadahi sifat Al-Ihsan (tetep purun paring / agawe kebagusan dumateng tiyang ingkang nate agawe salah marang piambakipun)

Dawuhipun Nabi dumateng Shohabat Uqbah bin Amir :

يا عقبة بن عامر! صل من قطعك و أعط من حرمك و اعف عمن ظلمك

“He Uqbah bin Amir : Sambungen wong kang wus mutus paseduluran marang iro, wenehono kebagusan marang wong kang medit marang iro lan wenehono pangapuro marang wong kang wus nganioyo marang iro.

5.    Tiyang ingkang taqwo puniko anggadahi sifat gampang ngeroso salah dumateng Alloh lan cepet2 anggenipun nyuwun pangapuran dumateng Alloh.

Babagan puniko poro ulama ndawuhake paling mboten wonten 3 amalan kagem supados manah kulo panjenengan sami gampang ngeroso salah marang Alloh : inggih puniko 1). Ngatahake maos istighfar, 2). Ngrutinaken maos doa bibaripun wudhu : Allohummaj’alni minat tawwabina waj’alni minal mutatohhirin, lan 3). Nglonggaraken wekdal kagem kholwat ma’alloh (ngibadah menyendiri dumateng Alloh).

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Selajengipun 5 sifat kolowau dipun sampurnaaken kanti berusaha ngedoh saking sedoyo  penggawean duso, sahingga kanti bungah tiyang taqwo kolowau pikantuk piwales saking Alloh kados kasebat wonten ayat 136 kolowau …..

Mugio kulo panjenengan sami saged nderek niru2 ngamalaken sifat2ipun tiang ingkang taqwo puniko lan kalebet ingkang pinaringan piwales saking Alloh kolowau,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إ……..

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم