الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي
لولا ان هدانا الله. اشهد
ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار
ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها
المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل
لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو
الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun.
Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken
Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Alloh
SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :
سُبْحٰنَ الَّذِي اَسْرٰى بِعَبْدِه لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ
اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَه لِنُرِيَه مِنْ اٰيٰتِنَا اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ١
Artosipun
: Moho Suci Dzat kang wes nglumakuake kawulane ono ing siji wengi soko
Mesjidil Harom tumuju Masjidil Aqsho kang Ingsung wenehi berkah ono ing kiwo
tengene soko tondo2 Ingsun. Setuhune Deweke Alloh iku Dzat kang Moho Midanget
dan Mirsani. (Al-Isro : 1)
Wulan
puniko wulan Rojab, utawi kulo panjenengan sami ngarani kanti wulan Rejeb. Setunggaing
wulan ingkang Mulyo, kalebet salah setunggaling 4 wulang ingkang kawastanan
Asyhurul Hurum.
Rojab
kalebet Asyhurul Hurum ing antawisipun keranten wonten saklebeting wulan puniko
wonten kedadosan sejarah islam ingkang sedoyo umat Islam kedah mangertosi. Kedadosan
puniko kedadosan isro’ mi’roj Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang pundi
kedadosan puniko kalebet kedadosan ingkang sanget agung, ingkang mboten mampu
akal kulo panjenengan jangkau, ananging kedah dipun sarengi kanti ka-imanan
ingkang kuat. Sahinggo kanti puniko kulo panjenengan sami bakal manggihi
keyakinan ingkang kokoh, ingkang mboten bakal kagoyah kanti lintasan2 akal
manungso. Keyakinan ingkang ndadosake lisan ngucapaken Subhaanalloh, moho suci
Alloh ingkang nguasani sedayanipun. Mboten wonten perkawis ingkang mboten
mungkin menggahipun Alloh SWT.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Pelajaran
paling ageng ingkang saged kapundut saking isro’ mi’roj Nabi Muhammad SAW
inggih puniko pelajaran Sholat 5 wekdal. Umat Islam mboten mungkin mangertos
lan ngamalake sholat menawi mboten wonten isro’ mi’roj.
Antaraning
Sholat kalian isro’ mi’roj puniko sanget berkaitan setunggal lan setunggalipun.
Menawi Mi’rojipun Rosululloh SAW puniko mawi jasad lan Ruh, milo semanten ugi
kagem Ummat Nabi Muhammad SAW puniko mi’rojipun dateng Alloh SAW mawi Ruh
wonten sak jeroning Sholat. Milo Sholat puniko sarono kulo panjenengan sami sowan
komunikasi dateng Alloh SWT ing saben dintenipun, milo kedah saestu dipun
gatosaken sampun ngantos dipun tilar. Keranten dawuhipun Nabi, amalan Sholat
puniko amalan ageng ingkang paling awal bade dipun tangletake dening Alloh SWT.
Ingkang naliko Sholat puniko sahe, mulo amal sekarine bakal dipun anggep sahe,
nanging naliko rusak Sholatipun mulo sekarine amal katut rusak lan bakal dipun
suwun tanggung jawabipun. Milo Sholat dipun arani dados ukuran bejo bejanipun tiyang Islam
wonten dunyo lan akherat.
واول ما يحاسب به العبد يوم القيامة الصلاة فإن صلحت صلح سائر عمله
وإن فسدت فسد سائر عمله
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Saking
keterangan hadis puniko ugi Abuya Sayyid Muhamad ndawuhake wonten kitabipun
Dzikroyat wa Munasabat bilih tiyang ingkang nglanggengake (mudaawamah) nindaake
Sholat kanti khusyu’ lan ndepe2 marang Alloh SWT, mulo bakal tukul wonten awake
roso murooqobah dateng Alloh SWT. Murooqobah inggih puniko roso den awasi Alloh
SWT. Lan sinten tiyang ingkang sampun sampai murooqobah dateng Alloh, piambake
bakal gede roso wedine marang Alloh SWT, bakal luwih taqwo, bakal rido nompo
kang dadi pestine Alloh SWT, bakal jujur ingdalem pengucapipun, bakal netepi
sedoyo janjin lan amanahipun, bakal sabar ingdalem nampi cubo lan bakal syukur
ingdalem sedoyo ni’mat. Kados dawuhipun Alloh SWT :
۞ اِنَّ الْاِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًا ١٩
اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًا ٢٠ وَّاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًا ٢١
اِلَّا الْمُصَلِّيْنَ ٢٢ الَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ دَاۤىِٕمُوْنَ ٢٣
Setuhune
manungso iku kadadeake nduweni sifat ngersulo lan kikir (19) naliko deweke
nompo kealanan, deweke ngersulo (20) lan naliko deweke nompo ni’mat, deweke
kikir (21) kajobo wong2 kang podo ngelakosi Sholat (22) yoiku wong akeh kang
deweke kabeh langgeng ingdalem Sholate (23).
QS. Al Ma’arij 19-23
Selajengipun
poro hadirin, tiyang ingkang sampun tukul wonten awake roso murooqobah puniko
bakal tinebihaken saking kealanan, kacegah saking kemungkaran, bakal wedi
nglakoni perkoro olo, punopo dateng Manungso liyan utawi ma’shiyat dateng Alloh
SWT. Gusti Alloh sampun ndawuhake :
… إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ ۗ
Setuhune
sholat iku nyegah songko perkoro olo lan mungkar. QS Al Angkabut : 45
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Kejawi
saged nukulake roso murooqobah dateng Alloh SWT lan saged nyegah saking
perkawis olo lan mungkar. Sholat puniko ugi saged nglebur duso2 kang kalakoake
ono ing antaraning sholat siji lan sholat liyane. Milo sinten tiyang ingkang katatrapan
duso sak sampune wayah duhur, milo duso puniko saged kalebur kanti nindaake
Sholat Ashar, lan sinten tiyang ingkang katatrapan duso sak sampune wayah
ashar, milo duso puniko saged kalebur kanti sebab nindaake Sholat Maghrib. Lan semanten
ugi sakterasipun. Dawuhe kanjeng Nabi :
الصلوات الخمس والجمعة الى الجمعة كفارة لما بينهن
ما لم تُغشَ الكبائر
Sholat
5 wektu, lan (Sholat) Jum’at siji marang (Sholat) Jum’at liyane biso nglebur
duwo kang ono ing antarane karone kabeh selagine den dohi duso2 gede. HR Muslim : 342
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Wonten
hadis sanes Rosululloh SAW ugi ndawuhake bilih Sholat saged dados sinar kang
madangi tiyang ingkang nindaake kanti sak sahe2nipun, padang wonten alam dunyo lan
padang wonten alam akhirat, sahinggo mesti bakal nampi kabekjan dunyo lan
akhirat. Anganging kosokwansulipun dawuh nabi tiyang ingkang mboten njagi Sholatipun
puniko bakal rugi dunyo lan rugi akhiratipun. Na’udzubillah tsumma na’udzu
billah. Mugi kulo panjenengan sami saged kalebet ingkang nampi Taufiq saged
njagi Sholat puniko minongko Mi’roj kulo panjenengan sami dateng Alloh SWT.
Aamiin..
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Mekaten
sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan
saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ
لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا
بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي
ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني
ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم